Rabu, 13 Maret 2019

Naskah MC pengajian Bahasa Jawa Versi 2


ASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHIWABAROKATUH
Bismillahirokhmanirrohiim
Alhamdulillahi rabbil’aalamiin, wash-sholaatu wassalaamu ‘ala isyrofil anbiyaa i walmursaliin, wa’alaa alihi washohbihii ajma’iin ammaba’adu.
Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget ninda’i pengaosan ingkang wanci ndalu puniko dumawah wonten dalemipun Bpk.... ………………
Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin.
gegandengan wedal sampun dungkap dalu sumonggo adicoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi dedongo sesarengan. Monggo..
Audzubillah himinasyaitonirrajim, Bismillahi Rahmanir Rahim,
Asyhadu an-laa ilaaha illallaah.  Wa asyhadu anna Muhammadan rasuulullaah.
Rodhitu billahi robba, wabil islami dina, wabimuhammadin nabiyya warosula, robbi zidni ilma, warzuqni fahma.
Amiin
Maturnuwun  mugi-mugi kanti waosan kolo wau  Allah paring ridho punopo ingkang badhe kito lampahi.
Adicoro ingkang nomer kalih inggih meniko waosan kalimah toyibah, kulo aturaken dumateng panjenenganipun Bpk ………………………
Maturnuwun dumateng bapak.... ingkang sampun mimpin anggenipun maos kalimah toyibah.
Mugi mugi kanthiwaosan kalimah toyibah kolowau, saged dados amal kesaenan kito sedoyo lan ugi dipun tampi dening Allah SWT,Allahumma amin…….
Sak lajengipun kito isttirahat sak utawis, dumateng poro kadang anem kulo sumanggaaken
Bapak-bapak sedoyo wonten ing ngarsanipun bapak bapak sedoyo sampun cumawis unjukan soho daharan, rejeki saking alloh lumantar keluarga.....  monggo dipun rahapi sesarengan, sak derengipun monggo kulo derekaken kanti doa sesarengan, monggo kulo derekaken, bismilah, allohuma bariklana,,,,,,
Bapak bapak sedoyo mboten ngirangi kenikmatan anggenipun ngrahapi daharan soho unjukan pramilo monggo adicoro wonten dalu punika kito lajengaken,
Adicoro sak lajengipun inggih puniko pengaosan inti, wekdal kulo aturaken dumateng panjenenganipun bpk...
Maturnuwun dumateng bapak... ingkang sampun kerso paring tausyiah,mugi mugi sedoyo wau dadoso ilmu ingkang manfaat dumateng kito sedoyo.
Bapak bapak sedoyo Gegandengan wonten ing ngarsanipun bapak2 sedoyo sampun cumawis daharan saking alloh lumantar keluarga bpk ...., minongko raos syukur soho pakurmatan dumateng poro panjengan sedoyo, saking kersanipun keluargo menawi badhe dipun dahar wonten mriki sumonggo, menawi badhe dipun asto kundur nggih mboten menopo2 (monggo kito rahapi sesarengan)
Adicoro sak lajengipun inggih puniko Pengumuman, wedal kulo aturaken dumateng ...., sumonggo………………….
Adicoro ingkang pungkasan inggih puniko PENUTUP
sakderengipun kulo aturaken agungin panuwun dumateng bpk.... ingkang sampun paring papan soho pasugatan ingkang sampun kito resepi kanthi eco soho sekeco, mugi-mugi andadosno amal ingkang barokah dunyo dumugi akhirat samangke, ugi kulo minongko talanging atur saking jama’ah pengaosan nyuwun agunging pangaksomo dumateng bpk... tumrap sedoyo kekiranganipun. Gegandengan adicoro sampun kalaksanan sedoyo sumonggo pengaosan puniko kito tutup kanthi waosan hamdalah sesarangan.
Cekap semanten atur kulo mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur wiwit awal dumugi akhir, keparengo kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo,
Bilahitaufik wal hidayah
WASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.