Minggu, 03 Maret 2019

Naskah MC Pengajian Bahasa Jawa - versi 1



ASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHIWABAROKATUH

Bismillahirokhmanirrohiim
Alkhamdulillahirobbil’alamin Wabihi nasta’inu ‘ala umuri dunya waddin, washolatu wasalamu ala asrofil ambiyai walmursalin, Wa’ala Alihi Wa ashabihi Ajma’in Amma Ba’du.
Dumateng jamaah pengaosan bapak2 soho remaja putra ingkang dahat kinurmatan, ingkang sepindah sumonggo kito tansan ngunjuaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kesarasan soho kenikmatan, saenggo kito sedoyo saged ninda’i pengaosan ingkang wanci ndalu puniko dumawah wonten dalemipun Bpk.... ………………
Sholawat soho salam mugi katur wonten junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah , Allahumma amin…….
gegandengan wedal sampun dungkap dalu sumonggo adicoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi dedongo sesarengan. Monggo..
Audzubillah himinasyaitonirrajim, Bismillahi Rahmanir Rahim,
Asyhadu an-laa ilaaha illallaah.  Wa asyhadu anna Muhammadan rasuulullaah.
Rodhitu billahi robba, wabil islami dina, wabimuhammadin nabiyya warosula, robbi zidni ilma, warzuqni fahma.
Amiin
Maturnuwun  mugi-mugi kanti waosan kolo wau  Allah paring ridho punopo ingkang badhe kito lampahi.
Saklajengipun waosan kalimah toyibah kulo aturaken dumateng panjenenganipun Bpk ………………………
Maturnuwun dumateng bapak.... ingkang sampun mandegani waosan kalimah toyibah.
Mugi mugi kanthiwaosan kalimah toyibah kolowau, saged dados amal kesaenan kito sedoyo lan ugi dipun tampi dening Allah SWT,Allahumma amin…….
Sak lajengipun kito isttirahat sak utawis, dumateng poro kadang anem kulo sumanggaaken
Bapak-bapak sedoyo wonten ing ngarsanipun bapak bapak sedoyo sampun cumawis unjukan soho daharan, rejeki saking alloh lumantar keluarga.....  monggo dipun rahapi sesarengan, sak derengipun monggo kulo derekaken kanti doa sesarengan, monggo kulo derekaken, bismilah, allohuma bariklana,,,,,,
Bapak bapak sedoyo mboten ngirangi kenikmatan anggenipun ngrahapi daharan soho unjukan pramilo monggo adicoro wonten dalu punika kito lajenganken,
Adicoro sak lajengipun inggih puniko pengaosan inti, wekdal kulo aturaken dumateng panjenenganipun bpk...
Maturnuwun dumateng bapak... ingkang sampun kerso paring tausyiah,mugi mugi sedoyo wau dadoso ilmu ingkang manfaat dumateng kito sedoyo sehinggo saget kito amalken wonteng ing gesang bebrayan.
Bapak bapak sedoyo Gegandengan wonten ing ngarsanipun bapak2 sedoyo sampun cumawis daharan saking alloh lumantar keluarga bpk ...., minongko raos syukur soho pakurmatan dumateng poro panjengan sedoyo, saking kersanipun keluargo menawi badhe dipun dahar wonten mriki sumonggo, menawi badhe dipun asto kundur nggih mboten menopo2 (monggo kito rahapi sesarengan)
Wondene ingkang pungkasan inggih puniko Pengumuman, wedal kulo aturaken dumateng ...., sumonggo………………….
PENUTUP
Maturnuwun dumateng bpk.... ingkang sampun paring papan soho pasugatan ingkang sampun kito resepi kanthi eco soho sekeco, mugi-mugi andadosno amal ingkang barokah dunyo dumugi akhirat samangke, ugi kulo minongko talanging atur saking jama’ah pengaosan nyuwun gunging pangaksomo dumateng bpk... tumrap sedoyo kekiranganipun. Gegandengan acoro sampun kalaksanan sedoyo sumonggo pengaosan puniko kito tutup kanthi waosan hamdalah sesarangan.
Cekap semanten atur kulo mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur wiwit awal dumugi akhir, keparengo kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo,
Bilahitaufik wal hidayah
WASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.